Khotbah Minggu, 20 Juni 2010
Tahun C: Minggu Biasa Warna: Putih

KEPANGGIH KALIYAN GUSTI LAN IDENTITASIPUN
Yesaya 65:1-9; Mazmur 22:20-27; Galatia 3:23-29; Lukas 8:26-39

Pambuka
Saben tiyang nggadhahi identitas. Saben identitas diri ketingal lumantar asma/nami. Satemah nalika tiyang pitaken, ‘sinten ta panjenengan?”, lajeng kita nyebat asma kita piyambak. Ananging ing Lukas 8:30 nalika Gusti Yesus kepanggih kaliyan tiyang kakung kapanjingan dhemit pitaken, “Sapa jenengmu?”, lajeng wangsulan , “Legion” awit piyambakipun kepanjingan kathah dhemit.
Wangsulan punika boten limrah. Karana piyambakipun boten mangsuli srana identitasipun, nanging malah ngagem identitas sanes. Malah identitas ingkang dipun ngginakaken sanes nami dhiri nanging sebatan kangge ‘satunggaling resimen’ wadyabala Romawi ingkang cacahipun 6000 tiyang. Teges nami ‘legion’ utawi ‘legeon’ tegesipun kempalaning pasukan wadyabala Romawi. Minangka patunggilan ingkang sinebat Resimen, temtu ‘nami dhiri’ saben tiyang boten penting malih. Mekaten ugi tiyang ingkang kepanjingan dhemit, piyambakipun kecalan identitas dhiri. Satemah raga utawi gesangipun boten saged kaatur malih dening piyambakipun. Malah kepara piyambaipun kaatur dening identitas ingkang neneka lan najis, ip para dhemit utawi roh najis. Ing Lukas 8:29 ngagem tembung “elauno” tegesipun kekiyatan setan ingkang mranata manungsa. Akibatipun, tiyang Gerasa lajeng: nindakaken tumindak ingkang boten dipun kersakaken, kecalan martabat, boten ngagem rasukan lan gesang ing pakuburan. Malah tiyang Gerasa punika kaanggep mbebayani kangge tiyang sanes, lan tansah karante nanging saged kapedhot. Tiyang ingkang kapanjingan dhemit boten naming kecalan identitas, nanging ugi kecalan gesangipun minangka tiyang ingkang waras.

Dipun kuwaisi lan kaiiket dening panguwaosing jagad
Teges “kepanjingan” ing Lukas 8:26-39 mawartosaken kawontenan ing pundhi tiyang boten saged nguwaosi dhirinipun. Awit ‘kepanjingan’ utawi sinebat kanthi “spirit possession” tegesipun “gesanging manungsa ingkang dipun kuwaosi dening kekiyataning setan utawi roh pepeteng”. Nalika ‘kepanjingan’, gesangipun manungsa dipun kuwaosi lan kaiket dening panguwaos sanes, satemah piyambakipun kados dene ‘mayat hidup’. Gesangipun ingkang asli kegentosan dening gesang sanes. Liripun piyambakipun boten saged malih nguwaosi gesangipun. Raganipun sampun dados sarangipun roh-roh kang najis. Piyambakipun karante dening roh-roh ingkang kathah cacahipun, ingkang sinebat “legion”.
Mila kawontenaning tiyang Gerasa ingkang kapanjingan dhemit, kadosdene kawontenaning bangsa Israel ingkang kajajah dening Romawi. Tiyang Israel samangke dipun kuwaosi lan katata dening tiyang Romawi. Kekiyatanipun bangsa Israel boten kuwagang ngadhepi wadyabala Romawi ingkang kathah cacahipun. Satemah boten saged bebas minangka umat kagunganipun Gusti. Menawi bangsa Israel badhe lumawan dhateng Romawi temtu boten kuwagang, kadosdene tiyang Gerasa ingkang sampun dipun kuwaosi denung legion dhemit.
Senadyan karante lan kabanda, ewasemanten saged luwar kanthi gampil dening para legion. Mekaten ugi ta kawontenaning kita nalika ngadhepi gesang? Kekiyataning dhiri kita boten cekap lumawan kekiyataning panguwaos kadonya. Senadyan kita kepengin ngiket kekiyataning dosa lan hawa nepsuning jagad lumantar pranatan agama, ewasemanten tetep gagal.
Ing ngriki ketingal sanget kiyating blengguning panguwaos kadonyan. Boten wonten kekiyatan ingkang saged ngawonaken blengguning kekiyataning panguwaos kadonyan. Malah kepara manungsa lumantar kesagedan lan kamursidanipun boten badhe saged ngawonaken panguwaos dhosa. Kuwaos lan blengguning dhosa kasebat naming saged kawon dening kekiyataning ‘tiyang ingkang dede saking jagad’, nanging ‘rawuh ing jagad’ ip Gusti Yesus Kristus. Satemah nalika tiyang Gerasa ingkang kapanjingan dhemit ningali Gusti Yesus, lajeng “Nalika ndheleng Gusti Yesus lajeng mbengok lan sumungkem ana ing ngarsane sarta matur kalawan swara sora, ‘Punapa urusan Panjenengan kaliyan kawula, dhuh Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Panjenengan sampun ngantos misakit kawula." (Luk. 8:28). Tiyang Gerasa ingkang kapanjingan dhemit lajeng sumengkem ing Gusti Yesus badhe nyethakaken bilih panguwaos jagad, pepeteng lan dhemit sami kawon kaliyan Gusti Yesus. Mekaten ugi dhemit ngakeni menawi Gusti Yesus punika Putraning Allah ingkang Mahaluhur, ingkang nggadhahi panguwaos ngukum para setan ing jurang palimengan utawi kabesmi ing genining neraka.

Kaluwaran kanthi strategi kompromi?
Lumantar pengakening setan utawi “legion”, Lukas paring paseksi bilih panguwaosing Gusti Yesus boten naming winates ing manungsa, nanging ugi saged mbesmi para dhemit ing genining neraka. Malah ing Lukas 8:31, para dhemit nyuwun kanthi adreng dhumateng Gusti Yesus supados Gusti Yesus boten misakit piyambakipun. Ing basa Yunani, tembung ‘misakit’ (ing basa Jawi) lan “jurang maut’ (ing basa Indonesia) saking tembung Yunani “abussos” utawi lubang/leng ingkang tanpa winates lebetipun lan badhe nampeni pasiksaning Gusti. Mirunggan sanget, Gusti Yesus sarujuk kaliyan para dhemit lan ngeparengaken para dhemit lumebet ing para babi ingkang nembe pados tetedhan ing gunung.
Lajeng, menapa Gusti Yesus nindakaken konpromi kaliyan para dhemit? Dalam Miturut tiyang Yahudi, babi punika khewan najis. Para dhemit ingkang manjing ing tiyang Gerasa punika roh najis. Limrahipun pas menawi Gusti Yesus marengaken ‘roh najis’ manjing ing khewan najis. Lajeng, menapa ing ngriki Gusti Yesus boten ngukum para dhemit kanthi awrat? Utawi, menapa Gusti Yesus boten serius nglawan para dhemit ingkang sampun najisaken manungsa?
Mila leres, Gusti Yesus boten lajeng ngukum dhemit tumuju ing jurang palimengan. Panjenenganipun marengaken para dhemit lumebet ing para babi kang najis. Nanging nalika para dhemit lumebet ing babi-babi, kanyatan para babi boten saged dipun kuwaosi dening para dhemit. Satemah babi-babi kasebat mlajar lajeng jegur ing jurang lan klelep ing tonya. Para babi kasebar lajeng pejah. (Luk. 8:33). Kanyatan para dhemit boten saged tetep manggen ing babi-babi kang pejah.
Dados para dhemit kasebat kedhah lumebet ing jurang palimengan utawi neraka, awit boten pikantuk papan panggenan jumbuh kaliyan kawontenaning para dhemit Lumantar strategi punika, sejatosipun Gusti Yesus sampun nggiring para dhemit ing papan ingkang cumawis ip jurang palimengan utawi neraka. Ing ngriki punika bentenipun antawisipun Gusti Yesus kaliyan para “exorcisme” (pengusir setan). Para pengusir setan naming saged nundhung setan saking raganing manungsa, nanging boten saged nggiring para setan tumuju ing neraka. Boten mekaten Gusti Yesus. Panjenenganipun kuwaos nundhung para setan utawi dhemit ing neraka, matemah boten ngganggu malih dhateng manungsa. Pakaryanipun Gusti Yesus mila sampurna. Malah kepara, pakaryanipun Gusti Yesus punika milujengaken lan mulihaken tiyang Gerasa ingkang sampun lami kepanjingan dhemit. Ing sisih sanes pakaryanipun Gusti Yesus ugi ngasoraken lan ngukum para dhemit ing neraka.

Dados utusanipun Gusti Yesus Kristus
Tiyang Gerasa ingkang sampun nampi kawilujengan saking Gusti Yesus lajeng ngetingalaken sikap positif. Tiyang Gerasa kasebat nyuwun dhumateng Gusti Yesus amrih kadadosaken muridipun. Nanging Gusti Yesus malah kepara maringi ayahan ingkang langkung wiyar ip minangka utusanipun Gusti Yesus. Ing Lukas 8:39, Gusti Yesus ngendika, “Kowe muliha menyang omahmu lan critakna kabeh apa kang wus katandukaken dening Gusti Allah marang kowe”. Modal utama minangka utusan ip pengalamaning gesang ingkang sampun lami dipun kuwaosi dening para dhemit, nanging ing wekdal sekedhap kemawon kasarasaken dening Gusti Yesus. Satemah tiyang kakung Gerasa punika saged ningali pakaryanipun Gusti Allah ing Gusti Yesus. Para dhemit ingkang sewaunipun boten saged kakawonaken, samangke kanthi gampil kawon dening panguwaosipun Gusti Yesus Kristus.
Ing ngriki kentingal sanget ‘sir-rahmatipun Gusti’ ingkang dadosaken tiyang gerasa nampeni kasarasan lan pamratobat. Prekawis mekaten ugi ketingal ing Yesaya 65:8 ingkang mungel bilih Gusti Allah boten badhe mbesmi sedayanipun, nanging Panjenenganipun badhe maringi wekdal mratobat. Malah kepara ing Jabur 22:20-27 wonten pengaken menawi, “Paduka mudi nulungi kawula! Paduka mudi luwaraken kawula! Gusti, mugi Paduka milujengaken kawula!” Ing ngriki wonten pengaken ngengingi identitas dhiti, “Sinten ta Gusti” ingkang kita pitadosi. Sedaya punika saged dipun alami dening tiyang pitados. Prekawis punika ketingal ing Galatia 3:29 “Mangka yen kowe kagungane Kristus, ateges kowe padha dadi trahing Abraham lan padha dadi ahli-waris miturut prasetyane Allah”.
Kanthi mekaten, sangsaya katetepaken identitas dhirinipun Gusti Yesus minangka Putraning Allah kang Mahaluhur. Dados, nalika tiyang Gerasa nyuwun amrih kaparengaken minangka muridipun Gusti Yesus, sejatosipun muncul saking pepinginanipun amrih saged ngladosi Putraning Allah kang Mahaluhur. Nanging nalika Gusti Yesus ngersakaken tiyang Gerasa minangka utusanipun Gusti, sejatosipun amrih saged mawartosaken karahayon ingkang sampun katampi. Temtu prekawis mekaten minangka prekawis ingkang nengsemaken karana kaparengaken ngladosi Putraning Allah kang Mahaluhur.
Limrahipun kita asring lingsem lan nampik minangka utusanipun Gusti, karana kita boten mangertosi menawi kita ngladosi Putraning Allah kang Mahaluhur. Awit saking punika ayahan peladosan lan timbalan asring katindakaken kanthi asal-asalan, saksenenge lan gumantung kaliyan kawontenaning manah. Menawi kita nembe purun, mila dipun tindakaken. Nanging yen nembe kuciwa, kita boten peduli malih. Punika kelampahan karana kita dhereng mbikak dhiri kita amrih kauwalaken saking roh kang najis. Karana gesang kita taksih dipun kuwaosi dening ‘para legion, para dhemit’ ip: panguwaosing jagad. Emut, kita punika asring dipun kuwaosi dening : legion nepsu srakah, legion umuk, legion raos sengit, legion nesu, lan legion sanesipun. Mboten maiben lajeng kita boten saged dados pendherekipun Gusti. Awit ingkang dados punjering gesang sanes Gusti nanging ‘dhiri kita’ lan pepenginan kita piyambak.

Timbalan
Pitados dhateng Gusti Yesus boten badhe mbekta ewah-ewahan menawi kapitadosan boten sinarengan pepanggihan kaliyan Gusti Yesus secara pribadi ing saben wekdal. Kita temtu nate kepanggih kaliyan Gusti Yesus, nalika sumadya kabaptis lan Sidhi. Nanging jumbuh kaliyan wekdal lumampah, kita boten siyaga lan saged kablintuk dening roh kadonyan. Matemah kita karante lan dipun kuwaosi dening roh pepeteng. Gesang kita boten malih ngetingalaken sifatipun Gusti Yesus. Malah kepara gesang kita kaanggep mbebayani kangge sesame. Mila lajeng kita kapencil, kadosdene tiyang Gerasa ingkang kepanjingan dhemit. Matemah gesang ing pakuburan, tumindhak remen ngrusak lan boten ngraosaken tentrem-rahayu.
Menawi mekaten, gesang mitadosi Gusti Yesus kedhah dipun raosaken secara dinamis lan pribadi. Mila kita kedhah sumadya tansah ngekeni karingkihan lan kadosan kita ing Gusti Yesus. Malah kepara kita kedhah nyuwun kanthi adreng kauwalaken saking piawon, kados dene ing pandonga Rama Kawula, ip, “sampun ngantos katandukaken dhateng panggodham, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon” (Mat. 6:13). Nalika gesang kita dipun sucekaken lan kaenggalaken dening Gusti Yesus, kita badhe kasagedaken minangka utusanipun Gusti. Kadospundi sikaping panjenengan? Amin.






Pawartos sih rahmat : Galatia 3: 26-27
Pitedah gesang enggal : Galatia 3: 29
Pisungsung : Masmur 22:24
KPK : 79:1,3; 115:1,2; 181:1- ; 195:1,3