Khotbah Minggu, 1 Agustus 2010
Tahun C: Minggu Biasa, Warna: Hijau

PIYANDEL INGKANG UTAMA ING GESANG
Kohelet 1:2, 12-14, 2:18-23; Mazmur 49; Kolose 3:1-11; Lukas 12:13-21

Pambuka
Karana dosa, manungsa remen ngadelaken babagan kadonyan, kadosta: bandha-kasugihan. Malah kepara ing sauruting wekdal, manungsa manembah dhateng bandha, arta, barang darbekipun lan kalenggahan. Ing babagan punika, sinebat dosa ‘boten karana kita nggadhahi banda lan kalenggahan’, nanging ‘sikaping manungsa ingkang ngegungaken bandha lan kalenggahan’. Bandha lan kalenggahan punika berkahipun Gusti, nanging badhe dados prekawis menawi bandha lan kalenggahan nggentosi kalenggahanipun Gusti.

Gesang tanpa guna
Kohelet nggadhahi sikap pesimis ningali gesangipun, ing ayat 1:2 dipun ngendikakaken, “Samubarang kabeh iku tanpa guna”. Menawi sedaya prekawis “tanpa guna”, mila sedaya pambudidaya, lan kasugihan ugi ‘tanpa guna’. Tembung ‘tanpa guna’ saking basa Ibrani “hebel hebalim” utawi nafas, hawa, tegesipun ‘gambpil ical, tanpa kadunungan’. Awit saking punika Kohelet ngendika, "Apa gunane manungsa iku banget-banget anggone nglakoni kangelan ana ing sangisoring langit?” (Koh. 1:3). JMenawi kangelan tanpa guna, kenging menapa manungsa tansah nindakaken pambudi-daya? Punika karana ing suwalikipun tembung “hebel” ingkang tegesipun “tanpa guna” ugi ngemu teges Kohelet sadar menawi gesang punika boten wonten maknanipun. Karana manungsa wongsal-wangsul makarya lan boten wonten maknanipun. Wongsal-wangsul makarya tanpa guna kadosdene Sysyphus ing cariyos Yunani. Sysyphus dipun ipat-ipat tansah wongsal-wangsul nindakaken pakarya tanpa guna, ip nyurung sela ageng dumugi pucuking gunung, nanging sela ageng lajeng dhawah ngglindhing. Selanjengipun Sysyphus mandhap, nyurung sela ageng, lan sela ageng ngglindhing malih. Mekaten selajengipun.

Menawi tanpa guna, kenging menapa dipun tindakaken?
Gesang tanpa guna ingkang dipun lampahi dening Kohelet dadosaken piyambakipun sengit dhateng gesangipun. Ing Kohelet 2:17 dipun ngendikakaken, “Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubranag kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin”. Senadyan gesang punika mberkahipun Gusti, Kohelet tetep sengit dhateng gesang. Sikap ingkang pesimis boten dumugi ing ngriki, awit ing ayat 2:18 Kohelet ngendika, “Aku sengit marang apa kang daklakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit iki, sebab iku bakal dakwarisake marang wong kang anane sawuse aku”. Kohelet boten namung sengit dhateng gesangipun, nanging ugi sedaya pambudidayanipun ingkang dipun tindakaken kanthi rekayasa.
Kenging menapa Kohelet saged mekaten? Karana piyambakipun emut bilih sedaya tumindhak sae ugi tanpa guna, utawi kados mburu angon. Nanging, senadyan mangertosi gesang punika tanpa guna, Kohelet boten ngersakaken para umat lan kita gesang ingkang nglokro lan tansah muwun kaliyan gesangipun. Malah kepara Kohelet mbereg kita tansah mbudidaya ing gesang, utawi tansah ‘nyurung sela ageng’ dumugi ing pucuking gunuyng senadyan mangke watunipun dhawah ngglindhing malih. Tegesipun saben tiyang boten kenging nglokro senadyan mangertos gesang punika tanpa guna.
Kanggenipun Kohelet, kanyatan gesang ingkang tanpa guna boten kenging kadadosaken alesan nglirwakaken kewajiban lan tanggeljaweb. Manungsa kedhah tansah ‘nyurung sela ageng’ dumugi puncaking gesang punika senadyan menapa ingkang kagayuh punika badhe ical. Kohelet boten ngersakaken kita gesang ingkang nglokro lan ngejaraken gesang ing kasekengan. Suwalikpun, Kohelet mbereg amrih kita purun ngetogaken sedaya kekiyatan, seserepan lan kesagedan kangge nggayuh pepinginan kita. Senadyan pambudidaya numusaken tanpa guna, nanging miturut Kohelet badhe dados pangewan-ewan lan cilaka menawi tiyang boten purun mbudidaya. Miturut Kohelet ingkang paling utama sanes babagan hasilipun, nanging kadospundi anggen kita mbudidaya. Satemah kasugihan lan panguwaos boten minangka tujuaning gesang, nanging ‘kadospundi kita pikantuk lan nggayuh kasugihan lan panguwaos’.

Boten Anti Kekayaan, Nanging Anti Ketamakan
Minangka mandatarisipun Gusti, manungsa kedhah mranata jagad. Ing ngriki manungsa nggadhahi kalenggahan minangka penatalayan. Dasaring penatalayananipun manungsa, ip, “Bumi dalah saisine kabeh pagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni” (Mzm. 24:1). Ing ngriki kita katimbalan mranata bandha-kasugihan kanthi tanggeljaweb. awit bandha-kasugihan punika berkahipun Gusti. Bandha-kasugihan boten kangge nyekapi kabetahan kita nanging kangge kamulyanipun Gusti. Kanthi mekaten kita dipun kersakaken migatosaken lan mitulungi sesami. Pitulungan kita boten karana ‘welas-asih’ nanging karana caos sokur. Ing ngriki kapitadosan Kristen boten ‘anti kekayaan’, nanging mapanaken ‘bandha-kasugihan’ minangka berkah kangge sesami.
Lumantar caos sokur lan minangka talanging berkah kangge sasami badhe nebihaken kita saking tumindhak srakah. Karana bandha-kasugihan ingkang dipun tampi ugi kangge sesaminipun. Suwalikipun, sikap ingkang srakah ngemu teges sikap ingkang nengenaken bandha-kasugihan minangka sesembahanipun. Satemah boten purun kecalan bandha-kasugihan, senadyan piyambakipun mangertosi wonten tiyang ingkang mbetahaken pitulungan. Tiyang ingkang srakah namung kepengin pikanthuk kasugihan kanthi ngurbanaken tiyang sanes. Ing Luk. 12:16-20 Gusti Yesus maringi sanepan babagan tiyang sugih ingkang srakah lan cethil. Tiyang punika tansah mburu bandha-kasugihan kangge ancas nglipur dhirinipun piyambak. Nanging satunggaling ndhalu piyambakipun tilar donya. Awit saking punika ing Luk. 12:15, Gusti Yesus maringi pitedhah, "Padha diwaspada lan diprayitna tumrap sakehing kamurkan, sabab senadyan wong duwe bandha nganthi akeh banget, uripe ora gumantung marang kasugihane iku." Ing cariyos punika tiyang ingkang murka lan cethil badhe tanpa guna utawi mburu angin. Utawi ing Jabur 49, piyambakipun badhe ngalami kabegjan kang tanpa guna.

Dados Penatalayan Ingkang Produktif lan Kritis
Paugeman Kristen lan sikapipun Gusti Yesus boten anti kekayaan. Prekawis punika ketingal ing Luk. 8:3 bilih ayahanipun Gusti Yesus dipun sengkuyung dening bandhanipun para wanita pendherekipun. Malah kepara Gusti Yesus ugi paring raos kawigatosan dhumateng Zakeus, juru mupu-bea. (Luk. 19:1-10). Ing ngriki kita katimbalan dados penatalayan ingkang tanggeljaweb. Kita tinimbalan kedhah makarya kanthi mempeng kangge nyekapi kabetahan. Ing ngriki kita boten bade boros karana bandha-kasugihan punika berkahipun Gusti, nanging ugi kita boten badhe cethil ingkang boten purun mitulungi tiyang. Kanthi mekaten kita kedhah kritis ing gesang. Kritis dhateng bandha-kasugihan saged awujud: nengenaken babagan ingkang paling penting, boten dhumawah ing konsumenrisme lan ngagem bandha-kasugihan kangge kamulyanipun Gusti.
Menawi punika kelampahan kita badhe caos sokur ngengingi berkah lan piyandel kita ingkang utami ip Kristus. Rasul Paulus ing Kol. 3:1-2 ngendika, “Marga saka iku yen kowe wis padha ndherek katangekake bareng karo Kristus, padha ngupayaan sabarang kang ana ing ngaluhur, yaiku papan pamanggene Kristus, kang lenggah ing satengene Allah. Padha nggatekna apa kang ana ing ngaluhur, aja kang ana ing bumi”. Piyandel ingkang utama ing gesang kita kedhahipun tumuju dhateng Gusti ingkang maha-suci lan maha-mulya, lan sanes babagan kadonyan. Matemah kita boten malih kadosdene Sysyphus ingkang tansah nyurung sela ageng dumugi ing puncaking gunung, lajeng sela ageng wau dhawah ngglindhing malih. Awit nalika kita nindakaken babagan ingkang suci lan mulya sejatosipun nindakaken babagan ingkang langgeng lan boten badhe ‘dhawah ngglinding malih’. Menapa malih ingkang kita tindakaken punika pakaryanipun Gusti Yesus, temtu badhe maedahi. Tanpa guna badhe kelampahan menawi ukuraning gesang kita wonten ing kesagedan dhiri lan umuk.
Emut, ingkang utama nalika kita makarya, boten nuladha kaliyan Sysyphus ingkang tansah tanpa guna, nanging dhumateng Gusti Yesus. Lumantar seda lan wungunipun, kita katimbalan nyucekaken gesang. Rasul Paulus ngendika, “Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku-cabul, tindak rusuh, ngumbar hawa nepsu, kapencuting daging, mangkono uga budi srakah, kang padha karo panyembah marang brahala” (Kol. 3:5). Nalika saben kita markarya lan mbudi-daya ing babagan kasucen, mila bad\ndha-kasugihan badhe dados berkah lan alating kawilujenganipun Gusti.

Timbalan
Kita kedhah mapanaken Gusti Yesus minangka piyandel kita ingkang utami ing gesang. Kanthi mekaten sedaya bandha-kasugihan boten badhe nutupi paningal kita. Awit ing Gusti Yesus kita badhe kasagedaken ngritisi umuk, srakah, hawa-nepsu lan srei. Kita kedhah ngginakaken bandha-kasugihan kanthi tanggeljaweb karana bandha-kasugihan punika berkah.
Mekaten ugi, sampun ngantos ajrih menawi kita punika sugih ing bandha, sauger bandha kasebat kangge kamulyanipun Gusti lan paring pambiyantu kangge sesami. Kita kedhah mbereg sedaya kabisan kita, matemah dados talanging berkah kangge sesami. Kita kedhah tetep nyepengi komitmen kita menawi bandha punika berkah lan kangge ugi mberkahi tiyang sanes. Awit nalika kita nyupekaken komitmen kita kalawau temtu badhe dhawah dateng sikap ingkang umuk, srakah lan cethil. iSikap umuk, srakah lan cethil temtu mbadhe numusaken tanpa guna, kadosdene sinerat ing Lukas 12:15, " Padha diwaspada lan diprayitna tumrap sakehing kamurkan, sabab senadyan wong duwe bandha nganthi akeh banget, uripe ora gumantung marang kasugihane iku.” Kadospundi sikaping panjenengan sami? Amin.

Pawartos sih-rahmat : Kolose 1:13-14
P. Gesang Enggal : Kolose 3: 5
Pangatag Pisungsung : Kolose 3: 15
KPK : 112:1,3 ; 48:1,2 ; 78:1,3 ; 79:1- ; 82:1,2
Liturgi Minggu : ke-1
Khotbah Minggu, 25 Juli 2010
Tahun C: Minggu Biasa, Warna: Hijau
NYUWUN DHUMATENG RAMA
Kejadian 18:20-32; Mazmur 138; Kolose 2:6-15, 16-19; Lukas 11:1-13

Pambuka
Kemajengan ilmu pengetahuan lan teknologi mila cepet sanget. Kekalihipun nggadhahi kekiyatan ingkang mirunggan. Sangsaya mindhak wekdal lan jaman, gesangipun manungsa sangsaya kagampilaken, malah kepara saged nglangkungi winatesing manungsa. Kadosta: lumantar media komunikasi wekdal samangke kita saged ningali lan sesambetan kaliyan tiyang kanthi cepet lan saged aben ajeng. Malah kepara prastawa ing papan sanes saged kita sumurupi kanthi aben ajeng lumantar TV. Lumantar teknologi, manungsa saged dhamel jawah, nyarasaken tiyang lan ndhamel bayi tabung.
Pitakenan kita samangke, kanthi kawontenan punika, menapa kita taksih mbetahaken pandonga? Utawi, menapa kita taksih mbetahaken Gusti amrih nyekapi sedaya kabetahan kita? Limrahipun kita paring wangsulan, ’tasih mbetahaken Gusti’. Punika karana tasih wonten bab-bab ingkang dereng dipun sumurupi dening manungsa, ip babagan kawontenanipun Gusti lan ngengingi dosa.

Gusti Allah Ingkang maha-rawuh lan maha-mangertos
Mila kawontenanipun Gusti nglangkungi pemanggihipun manungsa. Awit kawontenanipun Gusti asipat otonom lan tanpa dipun kuwaosi dening menapa kemawon. Awit saking punika Gusti Allah punika maha-rawuh (omnipresence). Prasasat boten wonten papan panggenan ing jagad punika ingkang boten dipun mangertosi dening Gusti. Gusti Allah mangertosi menapa ingkang kelampahan. Gusti Allah ingkang maha-rawuh ugi minangka Gusti Allah ingkang maha-mangertos (omniscience). Kanthi mekaten, boten wonten prekawis ingkang saged dipun singgidaken saking Gusti Allah. Malah kepara ing Jabur 138, Gusti Allah boten namung sadermi rawuh lan mangertos, nanging ugi tansah makarya lan mitulungi para kagunganipun.
Ing babagan tinamtu, Gusti Allah mirsani kawontenaning para kagunganipun. Gusti Allah mitulungi para kagunganipun, kadosdene nalika wonten ing Mesir. Bab punika sinerat ing Pangentasan 3:8, “Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umating-Sun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, negara kang luber puwan lan madune”. Tembung “tumedhak ” saking tembung Ibrani “yârad ” utawi mlebet ing kasangsaraning umat. Tembung “yârad ” ugi kaginakaken ing Purwaning Dumadi 18:21, ip “Ingsun bakal tumedhak lan niti-priksa, apa iya lakune iku cocog karo alok kang wus tumeka marang Insung apa ora? "
Ing ngriki kapitadosan Kristen nengenaken bilih Gusti Allah ingkang maha-pirsa, ugi purun rawuh minangka pribadi ingkang ngraosaken kasangsaranipun para umat. Sedaya pasambat lan panangis saking umat ingkang katindhes, sae ing Mesir lan Sodom-Gomora kapireng dening Gusti. Satemah Gusti Allah rawuh ing gesangipun para umat. Rawuhipun Gusti minangka wujud raos kawigatosanipun dhumateng pasambat lan pandonga saben tiyang ingkang katindhes.

Allah Ingkang maha-tresna
Gusti Allah tansah migatosaken kasangsaranipun manungsa. Prekawis punika ketingal ing P.Dumadi 18:1-2. Karana pandhonga lan pasambatipun tiyang katindhes, Gusti Allah rawuh ing kitha Sodom lan Gomora. Gusti Allah ingkang rawuh awewujud 3 tiyang kakung, boten namung sadermi kepengin mangertosi kawontenaning Sodom lan Gomora, nanging ugi kepengin ngukum lan mbesmi. Nanging menapa paukumanipun Gusti Allah ugi kedhah katampi dening tiyang ingkang leres? Ing babagan punika, Abraham mapanaken dhirinipun minangka juru-syafaat.
Abraham nyuwun pirsa dhumateng Gusti Allah, menapa Gusti Allah tetep badhe paring paukuman menawi ing Sodom-Gomora wonten 50 tiyang ingkang leres? (ayat 24). Kanyatan Gusti Allah prajanji boten badhe mbesmi Sodom-Gomora menawi Panjenenganipun manggihaken 50 tiyang ingkang gesang leres (ayat 26). Malah kepara kanthi adreng Abraham nyuwun amrih Gusti Allah ugi boten mbesmi Sodom-Gomora, menawi kanyatan namung wonten 45 tiyang ingkang leres. Selajengipun Abraham ngirangi nggunggungipun tiyang leres satemah dados 40 tiyang, 30 tiyang, 20 tiyang lan 10 tiyang.
Kanyatan Gusti Allah boten manggihi 10 tiyang ingkang leres ing Sodom-Gomora. Kanthah tiyang leres ingkang sampun sami pejah, satemah tiyang ingkang leres cacahipun boten dumugi 10 tiyang. Awit saking punika Gusti Allah kepengin mbesmi sedaya tiyang ing Sodom-Gomora, boten kalebet brayatipun Lot. Awit namung brayatipun Lot kemawon ingkang badhe nampi kawilujengan saking paukumanipun Gusti Allah.
Pribadi Gusti Allah ingkang maha-tresna ketingal sanget ing pandhonganipun Abraham. Gusti Allah prajanji boten badhe mbesmi menawi manggihaken 50 tiyang leres. Malah kepara Gusti Allah sumadya boten badhe mbesmi menawi namung dipun panggihaken 10 tiyang leres ing Sodom-Gomora. Ing P.Dumadi 18:32 ketingal sanget sikaping Gusti Allah ingkang maha-tresna, "Paduka mugi sampun ngantos duka, kawula badhe munjuk sepisan malih: Bokmenawi ing ngriku namung pinanggih sedasa”. Pangandikane Sang Yehuwah, ”Mesthi bakal ora Suntumpes marga saka wong sepuluh iku". Saged ugi katresnanipun Gusti Allah mapanaken dhirinipun Gusti Allah minangka pribadi ingkang saged dipun anggep minangka pribadi ’mencla-mecle, boten konsisten” kaliyan pangandikanipun. Awit paukumanipun Gusti saged dipun tawar dening umat. Ing cariyos punika Abraham ambal kaping 6 ngrembag bab paukuman lan gunggungipun tiyang leres, ip : 50, 45, 40, 30, 20 lan 10 tiyang. Dados menawi Gusti Allah konsisten kaliyan Pangandikanipun piyambak, temtu boten badhe wonten tiyang ingkang wilujeng. Awit sinten ingkang kuwagang gesang ingkang leres ing ngajengipun Gusti ingkang maha suci lan maha adil?

Katresnanipun Gusti ing satengahing dosa struktural
Menawi ing kitha Sodom-Gomora boten dipun panggihaken 10 tiyang ingkang leres, mila kitha kasebat sampun dipun kuwaosi dening dosa. Dosa pribadi, boten malih dados dosaning tiyang tinamtu, nanging sampun dados dosa struktural. Dosa ingkang maneka warni wujud lan dipun tindhakaken sesarengan. Malah kepara menawi wonten tiyang ingkang boten tumindhak dosa, kaanggep nyleneh lan dipun sebrataken dening tangga-tepalih. Akibatipun boten wonten tiyang ingkang gesang leres, namung brayatipun Lot kemawon. Malah kepara brayatipun Lot ugi boten kuwagang nampik dosa, kinabukten garwanipun Lot tetep nengenaken bandha-kadhonyan. Garwanipun Lot boten rila nilaraken bandhanipun matemah nerak wewaleripun para mlaekat ingkang ngawisi mengo (P.Dumadi. 19:26). Mekaten ugi putrinipun Lot ingkang ngrudapeksa Lot satemah nindhakaken sesambetan ”sex incest”, utawi sex kaliyan brayat-kandhung kanthi ancas nuruti pepinginanipun raga (P.Dumadi 19:30-38). Kanyatanipun Gusti Allah tetep nresnani lan ngrimati Lot dalasan para putranipun sarta anak jadhah ingkang kakandhut dening putrinipun.
Menawi kita tingali, saged ugi ing wekdal samangke kita gesang ing dosa struktural kadosdene Sodom-Gomora, matemah boten wonten tiyang ingkang gesang leres. Nanging karana sih-rahmat katresnanipun Gusti kita nampi kawilujengan. Ing pundhi katresnanipun Gusti boten karana Panjenenganipun manggihaken 10 tiyang ingkang leres, nanging karana manggihaken 1 tiyang ingkang leres, tanpa cacat lan tanpa dosa, ip Gusti Yesus Kristus. Lumantar pakaryan kawilujenganipun Gusti Yesus, Gusti Allah batalaken layang pratandha utang kita. Prekawis punika sinerat ing Kolose 2:13-14, “Mangkono uga kowe, sanadyan ing maune kowe padha mati dening panerakmu lan ora tetak secara lair, wis diuripake dening Allah bareng karo Panjenengane, yaiku sawise Panjenengane ngapura sakehing panerak kita, sarana mbatalake layang pratandha utang, kang adhedhasar katemtuan-katemtuaning angger-angger kang ndhakwa lan ngancam marang kita. Dene iku wus kalebur sarana kapaku ana ing kayu salib”. Sih-rahmatipun Gusti Allah ketingal lumantar pangurbanipun Gusti Yesus ing kajeng salib, matemah sedaya utang dosa kita sampun kalebur.
Eman sanget, pakaryanipun Gusti ingkang nebus dosa asring dipun remehaken kanthi cara ndhamel dosa enggal. Sih-rahmatipun Gusti ingkang ngluwaraken kita saking dosa kaanggep minangka alat ngleresaken kita damel dosa enggal. Sejatosipun sih-rahmatipun lan sih-katresnanipun Gusti kaparingaken dhateng kita amrih kitha ’ngrucat gesang lami lan ngrasuk gesang enggal ing Sang Kristus’. Sih-rahmatipun Gusti Yesus nyagedaken kita nyunataken utawi ngicalaken tata gesang kadonyan ingkang ngrangket kita. Ing Kolose 2:11 rasul Paulus ngendika, “Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Kristus kang awujud pangrucating badan kang dosa”.
Kanthi mekaten maknaning Gusti Allah ingkang maha-tresna ing pakaryanipun Gusti Yesus asipat transformatif. Mekaten ugi pandhonga ingkang kita unjukaken dhumateng Gusti Allah kedhahipun pandhonga ingkang saged ngribah gesang kita, satemah gesang kita ngoyod ing Sang Kristus lan kabangun ing Sang Kristus (Kol. 2:7).
Nanging kanyatanipun ing tata gesang panditenan, maknaning sih-katresnanipun Gusti asring namung kangge mburu pikajeng kita piyambak. Satemah pandhonga ingkang kita unjukaken tebih saking pambudidaya ngenggalaken gesang. Awit saking punika tembung “prayer changes things” (pandhonga ingkang ngribah samukawis) sanes tembung ingkang pas ing iman Kristen. Kedhahipun pandhonga transformatif ip pandonga kanthi ancas ngribah dhiri kita. Pandonga ing iman Kristen kedhahipun dipun raosaken minangka “prayer changes us” (pandhonga ingkang ngribah dhiri kita). Awit nalika kita saged ngribah dhiri kita piyambak, mila kita kasagedaken mbekta ewah-ewahan kangge sesami kita.


Tansah nyenyuwun tanpa kendhat
Nalika para sekabatipun Gusti Yesus nyuwun piwulang bab dhedhonga, ing Luk. 11:2-4, Gusti Yesus mulangaken pandhonga ”Rama Kawula”. Ing Lukas, pandhonga ”Rawa Kawula” kapapanaken wonten ing sanepan: ’Satunggaling tiyang ing wanci dhalu karawuhan tamu, lan tiyang kasebat boten nggadhahi menapa-napa kangge segahan tamunipun. Mila piyambakipun dhatengi tangginipun ingkang nembe sare. Sewaunipun tangginipun boten purun tangi lan paring pambiyantu. Nanging karana tiyang kasebat boten rumaos lingsem kangge nampi sih-kamirahan, mila tangginipun lajeng wungu lan maringi pambiyantu.
Fokus utama ing sanepan punika bab tangga ingkang sewaunipun boten purun maringi pitulungan nanging selajengipun purun maringi pitulungan. Tangga kasebat minangka gegambaran dhirinipun Gusti Allah ingkang welas-asih, lan maha-tresna ingkang saged dipun caketi dening sikaping manungsa ingkang boten lingsem nyuwun pitulungan dhumateng Panjenenganipun. Awit saking punika Gusti Yesus lajeng ngendika, “Aku pitutur marang kowe: Sanadyan ora tangi lan ngladeni, marga iku kitrane, nanging marga saka anggone ora idhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangi, menehi apa kang dibutuhake.” (Luk. 11:8).
Kanthi mekaten, Gusti Yesus paring piwulang bilih kita minangka tiyang pitados kedhah purun andhap-asor lan tanpa lingsem nyuwun pitulung ngengingi bab ingkang leres ing ngarsanipun Gusti. Bab ingkang leres ketingal wonten ing pandhonga Rama Kawula. Awit ingkang utami ing pandhonga Rama Kawula ip kadospundi anggen kita mulyakaken lan nyucekaken asmanipun Gusti ing tata padintenan. Tegesipun ’pandhonga Rama Kawula’ boten nengenaken hak-hakipun manungsa nampeni sedaya kebetahanipun, nanging kadospundi manungsa nyikapi kabetahanipun kanthi dasar gesang ingkang mulyakaken asmanipun Gusti. Menawi prinsip punika kelampahan, mila boten wonten ingkang mustahil ing ngarsinipun Gusti. Menawi kita saged mulyakaken asmanipun Gusti ing sedaya kabetahanipun gesang, kita badhe kasagedaken nampeni kabetahan ingkang mbekta kawilujengan lan tentrem-rahayu.
Awit saking punika maknaning pandhonga sanes panyuwun dhumateng Gusti bab kabetahanipun manungsa ingkang boten saged dipun tindakaken dening teknologi, ilmu pengetahuan lan kepinteranipun manungsa. Nanging kita nyuwun dhumateng Gusti amrih kasagedaken ningali winatesing manungsa. Lumantar sikap pandhonga ingkang mekaten punika, kita dadosaken pandhonga minangka jangkaring gesang kita awit kita sumadya sumarah dhumateng Gusti ingkang makarya ing gesang kita. Sangsaya kita boten kendhat lan boten lingsem dhedhonga dhumateng Gusti, mila sayektosipun kita nembe mranata gesang kadosdene among tani ingkang wongsal-wangsul nguleni sitining sawahipun matemah sitinipun siap dipun tanduri. Awit saking punika saksampunipun pandhonga ingkang mungel, “asma Paduka mugi kasucekaken, Kraton Paduka mugi rawuh” kalajengaken panyuwun, “Kawula mugi sami kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing saben dintenipun” (Luk. 11:3).

Timbalan
Sangsaya kita tepang kaliyan Gusti Allah ing Kristus, kita sangsaya kaemutaken dhateng sih rahmat lan kamirahanipun Gusti. Satemah kita kasagedaken kangge mangertosi Panjenenganipun minangka Sang Rama ingkang nganggep kita minangka ingkang putra. Kanthi mekaten, kita ngupadi Gusti boten karana kita dereng nampi menapa ingkang dipun betahaken, nanging kita nyuwun karana Panjenganipun minangka Rama kita. Mekaten ugi, kita dhedhonga karana Gusti Allah minangka sumbering kawicaksanan, seserepan, kawilujengan, tentrem rahayu lan kaleresan. Satemah sedaya ilmu pengetahuan lan teknologi minangka wujud sih-rahmatipun Gusti. Kanthi sikap mekaten punika, ingkang paling utama ip kadospundi kita mulyakaken asmanipun Gusti ing gesang kita. Menawi boten mekaten, kita kadosdene Sodom-Gomora ingkang ngginakaken sedaya fasilitas lan teknologi kangge buru nepsu kadonyan kita.
Mila dhedhonga ingkang transformatif, utawi tansah nggadhahi raos kangen kangge ngenggalaken gesang kita. Panyuwunan kita dhumateng Gusti boten bab kathah-sekedhikipun berkah utawi rejeki ingkang kita betahaken, nanging sepinten agengipun komitmen kita kangge mulyakaken asmanipun Gusti. Kadospundi sikaping panjenengan bab sesambetan kaliyan Gusti? Menapa kita nganggep Gusti Allah minangkan obyek ingkang saged maremaken manah kita? Utawi, kita nganggep Gusti Allah minangka Sang Rama ing nresnani kita? Amin.

Pawartos sih-rahmat : Kolose 2:12
P. Gesang Enggal : Kolose 2:6-7
Pangatag Pisungsung : Masmur 138:2-3
KPK : 33:1,3 ; 145:1,2 ; 129:1- ; 121:1,3
Liturgi Minggu : kaping-4