PANYURAOS PANDONGA MPHB

BAHAN PANYURAOS PANDONGA



Tujuan : Pasamuwan nggadhahi keyakinan bilih pulihing titah sampin lumampah wonten ing Gusti Yesus, ingkang ndadosaken manungsa saged mangertosi kersaning Allah.
Pasamuwan saged mangertosi timbalanipun Gusti, inggih supados manungsa preduli tumrap pulihing sedaya titah.

Waosan : Efesus 4 : 21 – 24

Kidung Pambuka KPK BMGJ 27 : 1, 2, 3 ASMANE GUSTI KULA
1. Neng kasa ngumandhang asma sajuga
Kang anepangaken jagad lan swarga
datan wonten asma kados punika
kang kwasa nyirnakken pa¬ngrehing dosa
napa sami dereng wanuh
yeku Gusti Yesus Kristus asmane.


2. Wus pantes asmane Ian pakaryane,
rawuhe ing donya wit gunging sihe,
nebus tiyang dosa, sinalib seda,
gya wungu nyawisken swarga mring kula,
napa sami dereng wanuh,
yeku Gusti Yesus Kristus asmane.

3. Sang Kristus samangke ngratoni swarga,
ngasta pangwasane Allah Sang Rama,
ngadili jagad ing mbenjing rawuhe,
kula pareng ndherek ing kamulyane,
yeku Kristus Sang Pamarta,
punika asmane panutan kula.

Pandonga Pambuka

Renungan

PREDULI MARANG PULIHING TITAH

Pasamuwan kinasih, punapa panjenengan nate mireng wonten tiyang ingkang tumbas satunggaling pulau?
Lewan Dosky, piyantun saking Inggris sampun nyatanipun sampun nguwaosi pulau Bidadari ing Labuan Bajo, Kabupaten Manggarai Barat, Nusa Tenggara Timur (NTT). Lewan Dosky mboten ngeparengaken masyarakat umum, mirunggan para nelayan, nyelak dhateng pulaunipun, malah nate nampik aparat keamanan ingkang badhe mlebet pulau Bidadari saperlu badhe nancepaken Bendera Merah Putih. Komandan Korem (Danrem) 161 Wirasakti, Kupang, Kolonel (Inf) A.P.J Noch Bola ingkang dipun suwuni katrangan ing Kupang, Jumat (24/2/2009) sasampunipun upacara mengeti HUT Korem 161 Wirasakti Kupang, ngendika bilih perkawis punika saestu kelampahan. Miturut Kol (Inf) A.P.J Noch Bola, Lewan Dosky mboten ngeparengaken aparat mlebet ing pulau Bidadari amargi rumaos ingkang nggadhahi pulau punika. “Lewan Dosky ngaku sampun numbas pulau punika saking warga ngriku ingkang nami Haji Machmud kanthi regi Rp 495 juta. Warga masyarakat mboten kepareng nyelak, kejawi tiyang-tiyang asing. Tiyang punika sampun dangu nguwaosi pulau Bidadari”. Makaten cuplikan berita saking Indo Media 02-2009 (www.indomedia.com).

Kadosipun, satunggaling pulau ingkang katumbas sacara pribadi (private island) sampun barang limrah. Ing pundi-pundi papan tiyang kanthi gampil saged tumbas pulau, sauger gadhah arta kathah! Kawiwitan saking proyek “The World” (proyek reklamasi/damel pulau kanthi ngurug segara), sampun tambah kathah tiyang ingkang gadhah pulau pribadi. Sasampunipun sukses damel proyek “Palm Island” (damel 3 pulau kanthi wujud wit palem), samangke negara Dubai damel kaget tiyang sajagad kanthi proyek “The World”. Inggih punika proyek damel 300 pulau pribadi ingkang wujudipun kados peta dunia. Pulau-pulau ingkang kadamel wujudipun kados pulau-pulau ingkang wonten ing bumi, nanging kanthi ukuran alit. Ck....ck....ck....kados napa nggih wujudipun manawi sampun rampung? Brangelina (alias pasangan Brat Pitt – Angelina Jolie), Richard Banson (pengusaha sugih), David Beckham (pemain bola), Rob Stewart (penyanyi), miturut kabar sampun tumbas pulau buatan punika. Kabaripun, pulau-pulau punika reginipun wetawis 6 juta dolar – 36 juta dolar (kinten-kinten Rp 72 miliar – Rp 432 miliar). Mbetahaken pinten taun kangge ngempalaken arta semanten kathahipun?

Tumrap kita, gadhah pulau pribadi kados namung ngimpi kemawon. Nanging kangge tiyang sugih sanget (kaum jet-set), gadhah private island punika perkawis sepele. Senadyan atusan miliar mboten dados perkawis, awit cundhuk/pantes amargi saged ngraosaken tenang ing pulau pribadi punika. Nanggepi bab punika mbok menawi wonten saking kita ingkang ngujar: “Uedaann tenan...!” Kita saged ngujar makaten amargi mboten gadhah arta semanten kathahipun kangge tumbas pulau pribadi. Nanging manawi Gusti kepareng mberkahi bandha semanten kathahipun, punapa nggih tetep ngujar: “Uedann tenan...?”

Manawi kita ngenget-enget malih tumitahing jagad raya, Gusti Allah nitahaken langit bumi saisinipun lajeng masrahaken dhateng manungsa supados njagi lan ngrimati (Pur. Dumadi 1:28 ; 2:15). Masrahaken lan mitadosaken ing tanganipun manungsa mboten kanthi maksud supados dikuwaosi lan diginakaken sakajengipun piyambak, kangge kasenengan lan kemareman pribadi. Ananging supados sedaya punika kaginakaken kangge mujudaken kesejahteraan sedaya titah. Taman Eden piyambak ngemu teges panggenan ingkang swasananipun sekeca, supados manungsa kasagedaken nggulawenthah kanthi tanggel jawab, sarta kanthi migatosaken kasaenan tumrap sedaya ingkang wonten ing salebetipun.

Dhumawahing manungsa ing dosa, nggambaraken bilih manungsa sampun gagal ngemban dhawuh lan amanah saking Gusti Allah. Kawontenan punika tambah dinten tambah ndadra, kekiyataning dosa mblenggu gesanging manungsa temahan sampun nguwaosi akal budinipun. Wusana manungsa mboten saged lan klentu anggenipun nindakaken ayahan saking Gusti, inggih punika ayahan kangge njagi lan ngrimati jagad. Kosokwangsulipun, jagad mboten karimat temahan dados risak, lan ugi ngrisak sedaya ingkang wonten ing sainggilipun.

Ngantos dumugi ing titi wancinipun Gusti Allah mbabaraken sih kamirahan dhateng manungsa, inggih wonten ing Sang Kristus Yesus. Lumantar pakaryanipun Gusti Yesus Kristus, manungsa lan sedaya titah kaparingan kawilujengan. Kanthi sabdanipun, Gusti Allah mranata jagad raya midherek rancanganipun. Gusti Allah tansah makarya mulihaken saha nganyaraken gesangipun manungsa wonten ing Gusti Yesus (Yokanan 1:1-5). Panjenenganipun sampun ngresiki manungsa saking ati ingkang jahat lan pikiran-pikiran nyimpang (Yeh 36:25-27; Efesus 4:22). Kanthi akal budi lan nurani ingkang sampun kasucekaken, manungsa kasagedaken kangge mranata bumi dalah isinipun kanthi sae miturut kersaning Allah.

Minangka patunggilan ingkang sampun nampi kawilujengan ing Sang Kristus, brayat-brayat kristen katimbalan kangge tansah mujudaken gesang ingkang cundhuk kaliyan kersaning Allah. Kesagedan, kapinteran, ketrampilan lan sawernaning sarana gesang ingkang kaparingaken dhateng kita, kedahipun saged kaginakaken kangge mujudaken gesang ingkang sae. Manawi kita raos-raosaken dumugi ngriki, ing sasisih kita perlu ngucap syukur amargi mboten sugih kados dene kaum jet-set, amargi kita paling mboten katebihaken saking godhaning srakah kangge kasenengan pribadi. Nanging sampun ngantos kendel dumugi ngriki. Ing sisih sanes godhaning srakah (ageng punapa alit) tetep kemawon tansah nglimpe lan mbujuki roh manungsa supados lena. Kamangka roh lan pikiran punika kekiyatan ingkang ngendhaleni sedaya pepenginan kita. Awit saking punika, sejatosipun kita sampun kapapanaken ing kawontenan wilujeng dening Sang Kristus! “....supaya kowe padhe dianyarake ing roh lan pikiranmu, lan ngrasuk kamanungsan anyar, kang wus tinitahake manut karo karsaning Allah ing kabeneran lan kasucen kang nyata.”

Ing salebeting gesang pribadi, gesang sesarengan ing brayat, gesang masamuwan lan ing tengah masyarakat, sumangga sami dene ngengetaken, ngiyataken supados kita sangsaya dewasa sarta mujudaken gesang anyar. Sumangga sesarengan ngudi gesang ingkang langkung preduli marang pulihing titah, mujudaken gesang ingkang sae lan sekeca sesarengan, awit sedaya punika titahing Allah. Amin


Pandonga Syafaat
1. Ngucap syukur atas pakaryanipun Gusti Yesus ingkang milujengaken.
2. Brayat-brayat kristen kasagedaken sangsaya mitadosi timbalan kangge mujudaken gesang sesarengan ingkang langkung sae, sekeca lan tentrem rahayu.

Kidung Panutup KPK BMGJ 156 : 1, 2, 3
TINIMBALAN DADYA DUTA SEMBADA

1. Kathah tyang samya nandhang tilingna
mbetahken pitulungan tilingna
reff :
Gusti nimbali sira dadya duta sembada
mbabarken sih rahmatnya tilingna.

2. Kathah tyang samya semplah, tilingna,
betah lubering berkah, tilingna,
reff :

3. Kathah tyang samya sedhih, tilingna,
mbetahken welas asih, tilingna,
reff :


SPA/EDP ( KAPENDHET SAKING BAHAN MPHB 2009) LPPS YOGYAKARTA

0 komentar :

Posting Komentar