Khotbah Minggu, 1 Agustus 2010

Khotbah Minggu, 1 Agustus 2010
Tahun C: Minggu Biasa, Warna: Hijau

PIYANDEL INGKANG UTAMA ING GESANG
Kohelet 1:2, 12-14, 2:18-23; Mazmur 49; Kolose 3:1-11; Lukas 12:13-21

Pambuka
Karana dosa, manungsa remen ngadelaken babagan kadonyan, kadosta: bandha-kasugihan. Malah kepara ing sauruting wekdal, manungsa manembah dhateng bandha, arta, barang darbekipun lan kalenggahan. Ing babagan punika, sinebat dosa ‘boten karana kita nggadhahi banda lan kalenggahan’, nanging ‘sikaping manungsa ingkang ngegungaken bandha lan kalenggahan’. Bandha lan kalenggahan punika berkahipun Gusti, nanging badhe dados prekawis menawi bandha lan kalenggahan nggentosi kalenggahanipun Gusti.

Gesang tanpa guna
Kohelet nggadhahi sikap pesimis ningali gesangipun, ing ayat 1:2 dipun ngendikakaken, “Samubarang kabeh iku tanpa guna”. Menawi sedaya prekawis “tanpa guna”, mila sedaya pambudidaya, lan kasugihan ugi ‘tanpa guna’. Tembung ‘tanpa guna’ saking basa Ibrani “hebel hebalim” utawi nafas, hawa, tegesipun ‘gambpil ical, tanpa kadunungan’. Awit saking punika Kohelet ngendika, "Apa gunane manungsa iku banget-banget anggone nglakoni kangelan ana ing sangisoring langit?” (Koh. 1:3). JMenawi kangelan tanpa guna, kenging menapa manungsa tansah nindakaken pambudi-daya? Punika karana ing suwalikipun tembung “hebel” ingkang tegesipun “tanpa guna” ugi ngemu teges Kohelet sadar menawi gesang punika boten wonten maknanipun. Karana manungsa wongsal-wangsul makarya lan boten wonten maknanipun. Wongsal-wangsul makarya tanpa guna kadosdene Sysyphus ing cariyos Yunani. Sysyphus dipun ipat-ipat tansah wongsal-wangsul nindakaken pakarya tanpa guna, ip nyurung sela ageng dumugi pucuking gunung, nanging sela ageng lajeng dhawah ngglindhing. Selanjengipun Sysyphus mandhap, nyurung sela ageng, lan sela ageng ngglindhing malih. Mekaten selajengipun.

Menawi tanpa guna, kenging menapa dipun tindakaken?
Gesang tanpa guna ingkang dipun lampahi dening Kohelet dadosaken piyambakipun sengit dhateng gesangipun. Ing Kohelet 2:17 dipun ngendikakaken, “Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubranag kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin”. Senadyan gesang punika mberkahipun Gusti, Kohelet tetep sengit dhateng gesang. Sikap ingkang pesimis boten dumugi ing ngriki, awit ing ayat 2:18 Kohelet ngendika, “Aku sengit marang apa kang daklakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit iki, sebab iku bakal dakwarisake marang wong kang anane sawuse aku”. Kohelet boten namung sengit dhateng gesangipun, nanging ugi sedaya pambudidayanipun ingkang dipun tindakaken kanthi rekayasa.
Kenging menapa Kohelet saged mekaten? Karana piyambakipun emut bilih sedaya tumindhak sae ugi tanpa guna, utawi kados mburu angon. Nanging, senadyan mangertosi gesang punika tanpa guna, Kohelet boten ngersakaken para umat lan kita gesang ingkang nglokro lan tansah muwun kaliyan gesangipun. Malah kepara Kohelet mbereg kita tansah mbudidaya ing gesang, utawi tansah ‘nyurung sela ageng’ dumugi ing pucuking gunuyng senadyan mangke watunipun dhawah ngglindhing malih. Tegesipun saben tiyang boten kenging nglokro senadyan mangertos gesang punika tanpa guna.
Kanggenipun Kohelet, kanyatan gesang ingkang tanpa guna boten kenging kadadosaken alesan nglirwakaken kewajiban lan tanggeljaweb. Manungsa kedhah tansah ‘nyurung sela ageng’ dumugi puncaking gesang punika senadyan menapa ingkang kagayuh punika badhe ical. Kohelet boten ngersakaken kita gesang ingkang nglokro lan ngejaraken gesang ing kasekengan. Suwalikpun, Kohelet mbereg amrih kita purun ngetogaken sedaya kekiyatan, seserepan lan kesagedan kangge nggayuh pepinginan kita. Senadyan pambudidaya numusaken tanpa guna, nanging miturut Kohelet badhe dados pangewan-ewan lan cilaka menawi tiyang boten purun mbudidaya. Miturut Kohelet ingkang paling utama sanes babagan hasilipun, nanging kadospundi anggen kita mbudidaya. Satemah kasugihan lan panguwaos boten minangka tujuaning gesang, nanging ‘kadospundi kita pikantuk lan nggayuh kasugihan lan panguwaos’.

Boten Anti Kekayaan, Nanging Anti Ketamakan
Minangka mandatarisipun Gusti, manungsa kedhah mranata jagad. Ing ngriki manungsa nggadhahi kalenggahan minangka penatalayan. Dasaring penatalayananipun manungsa, ip, “Bumi dalah saisine kabeh pagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni” (Mzm. 24:1). Ing ngriki kita katimbalan mranata bandha-kasugihan kanthi tanggeljaweb. awit bandha-kasugihan punika berkahipun Gusti. Bandha-kasugihan boten kangge nyekapi kabetahan kita nanging kangge kamulyanipun Gusti. Kanthi mekaten kita dipun kersakaken migatosaken lan mitulungi sesami. Pitulungan kita boten karana ‘welas-asih’ nanging karana caos sokur. Ing ngriki kapitadosan Kristen boten ‘anti kekayaan’, nanging mapanaken ‘bandha-kasugihan’ minangka berkah kangge sesami.
Lumantar caos sokur lan minangka talanging berkah kangge sasami badhe nebihaken kita saking tumindhak srakah. Karana bandha-kasugihan ingkang dipun tampi ugi kangge sesaminipun. Suwalikipun, sikap ingkang srakah ngemu teges sikap ingkang nengenaken bandha-kasugihan minangka sesembahanipun. Satemah boten purun kecalan bandha-kasugihan, senadyan piyambakipun mangertosi wonten tiyang ingkang mbetahaken pitulungan. Tiyang ingkang srakah namung kepengin pikanthuk kasugihan kanthi ngurbanaken tiyang sanes. Ing Luk. 12:16-20 Gusti Yesus maringi sanepan babagan tiyang sugih ingkang srakah lan cethil. Tiyang punika tansah mburu bandha-kasugihan kangge ancas nglipur dhirinipun piyambak. Nanging satunggaling ndhalu piyambakipun tilar donya. Awit saking punika ing Luk. 12:15, Gusti Yesus maringi pitedhah, "Padha diwaspada lan diprayitna tumrap sakehing kamurkan, sabab senadyan wong duwe bandha nganthi akeh banget, uripe ora gumantung marang kasugihane iku." Ing cariyos punika tiyang ingkang murka lan cethil badhe tanpa guna utawi mburu angin. Utawi ing Jabur 49, piyambakipun badhe ngalami kabegjan kang tanpa guna.

Dados Penatalayan Ingkang Produktif lan Kritis
Paugeman Kristen lan sikapipun Gusti Yesus boten anti kekayaan. Prekawis punika ketingal ing Luk. 8:3 bilih ayahanipun Gusti Yesus dipun sengkuyung dening bandhanipun para wanita pendherekipun. Malah kepara Gusti Yesus ugi paring raos kawigatosan dhumateng Zakeus, juru mupu-bea. (Luk. 19:1-10). Ing ngriki kita katimbalan dados penatalayan ingkang tanggeljaweb. Kita tinimbalan kedhah makarya kanthi mempeng kangge nyekapi kabetahan. Ing ngriki kita boten bade boros karana bandha-kasugihan punika berkahipun Gusti, nanging ugi kita boten badhe cethil ingkang boten purun mitulungi tiyang. Kanthi mekaten kita kedhah kritis ing gesang. Kritis dhateng bandha-kasugihan saged awujud: nengenaken babagan ingkang paling penting, boten dhumawah ing konsumenrisme lan ngagem bandha-kasugihan kangge kamulyanipun Gusti.
Menawi punika kelampahan kita badhe caos sokur ngengingi berkah lan piyandel kita ingkang utami ip Kristus. Rasul Paulus ing Kol. 3:1-2 ngendika, “Marga saka iku yen kowe wis padha ndherek katangekake bareng karo Kristus, padha ngupayaan sabarang kang ana ing ngaluhur, yaiku papan pamanggene Kristus, kang lenggah ing satengene Allah. Padha nggatekna apa kang ana ing ngaluhur, aja kang ana ing bumi”. Piyandel ingkang utama ing gesang kita kedhahipun tumuju dhateng Gusti ingkang maha-suci lan maha-mulya, lan sanes babagan kadonyan. Matemah kita boten malih kadosdene Sysyphus ingkang tansah nyurung sela ageng dumugi ing puncaking gunung, lajeng sela ageng wau dhawah ngglindhing malih. Awit nalika kita nindakaken babagan ingkang suci lan mulya sejatosipun nindakaken babagan ingkang langgeng lan boten badhe ‘dhawah ngglinding malih’. Menapa malih ingkang kita tindakaken punika pakaryanipun Gusti Yesus, temtu badhe maedahi. Tanpa guna badhe kelampahan menawi ukuraning gesang kita wonten ing kesagedan dhiri lan umuk.
Emut, ingkang utama nalika kita makarya, boten nuladha kaliyan Sysyphus ingkang tansah tanpa guna, nanging dhumateng Gusti Yesus. Lumantar seda lan wungunipun, kita katimbalan nyucekaken gesang. Rasul Paulus ngendika, “Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku-cabul, tindak rusuh, ngumbar hawa nepsu, kapencuting daging, mangkono uga budi srakah, kang padha karo panyembah marang brahala” (Kol. 3:5). Nalika saben kita markarya lan mbudi-daya ing babagan kasucen, mila bad\ndha-kasugihan badhe dados berkah lan alating kawilujenganipun Gusti.

Timbalan
Kita kedhah mapanaken Gusti Yesus minangka piyandel kita ingkang utami ing gesang. Kanthi mekaten sedaya bandha-kasugihan boten badhe nutupi paningal kita. Awit ing Gusti Yesus kita badhe kasagedaken ngritisi umuk, srakah, hawa-nepsu lan srei. Kita kedhah ngginakaken bandha-kasugihan kanthi tanggeljaweb karana bandha-kasugihan punika berkah.
Mekaten ugi, sampun ngantos ajrih menawi kita punika sugih ing bandha, sauger bandha kasebat kangge kamulyanipun Gusti lan paring pambiyantu kangge sesami. Kita kedhah mbereg sedaya kabisan kita, matemah dados talanging berkah kangge sesami. Kita kedhah tetep nyepengi komitmen kita menawi bandha punika berkah lan kangge ugi mberkahi tiyang sanes. Awit nalika kita nyupekaken komitmen kita kalawau temtu badhe dhawah dateng sikap ingkang umuk, srakah lan cethil. iSikap umuk, srakah lan cethil temtu mbadhe numusaken tanpa guna, kadosdene sinerat ing Lukas 12:15, " Padha diwaspada lan diprayitna tumrap sakehing kamurkan, sabab senadyan wong duwe bandha nganthi akeh banget, uripe ora gumantung marang kasugihane iku.” Kadospundi sikaping panjenengan sami? Amin.

Pawartos sih-rahmat : Kolose 1:13-14
P. Gesang Enggal : Kolose 3: 5
Pangatag Pisungsung : Kolose 3: 15
KPK : 112:1,3 ; 48:1,2 ; 78:1,3 ; 79:1- ; 82:1,2
Liturgi Minggu : ke-1

0 komentar :

Posting Komentar